ojo direwes, ojo di gagas iki mung crito gedabrus ora penting, anggep ae wong sempel golek perhatian. kejadiane awan mau rek ...pas aku keliling golek gangguan, sekitar jam sijian ngunu, pas bedug nrantang, pas benter-bentere srengenge ngebong mbun-bunan, pas pisan weteng keroso luwe, kaliren, kemrucuk cacinge melung-melung njaluk tulung aku lewat nang dalan raya batubulan. oaalah apes pisan rek dalane macet, mergo enek iring-iringan wong gotong mayit, enek ngaben ngunu, tak toleh konco kerjoku sing lungguh nang sampingku, areke mercing setengah mecucu, cucuke modot tambah dowo, lha lak wis suasini koyok ngene iki rek, indikator luwene metu kabeh persis koyok toko mbukak dasar.. drijine umeg golek gelombang radio, delok praupane ketok'e ora nemu tembang sing tepak, lha piye maneh njaluke tembang sing roso sego, mareki ngunu ....awale aku rodok gumun, lapo se wong-wong kui masio kenek panas, kenek macet, kenek luwe pisan kok podho senyam-senyum ae, ketok bungah ngunu...basan tak selidiki, tak sawang-sawang dan tak ploroti tibake rek..ngerti ora? nang barisan macet ngarep kui enek arek wedok digonceng gendakane, modele ngetapel koyok perangko bek amplop ngunu, ketog katok G-string'e, dadagno rek ketok njlarit merit munjuk mergo kaose munjuk pisan.... aku njajal noleh nang wong lanang sing asik metangkring nang duwure sadel mio'ne iku, wonge senyam senyum kroso ayem, karo alise di obah-obahne nang aku, mungkin karepe konfirmasi lak iso njaluk masa aktip macete di perpanjang ngunu...hag..hag...hag..
@sego jinggo embis-embis
well done....terus kembangkan tulisan, ojo mung kembangkan G-string ae hehheheh
BalasHapussuwun mbokde..suwun mbokde..
BalasHapus