Jumat, 22 Juli 2011

GANDOLANE ATI

emben lak ketemu anakku....
arep tak gawakke sak kronce kembang gulo
tak tuntun ing padahanging suketan
tak kongkon manuk-manuk podho nyanyi
tembang katresnan bapak marang anake

emben lak ketemu anakku....
arep tak usap eluh ing pipine
naliko anakku nangis, ngelingi wektu untune loro
aku bakal ngundang kupu-kupu
supoyo nari lan gandeng-gandengan
anakku mesti seneng lan ngetone eseme

emben lak ketemu anakku.....
aku bakal ngelumpukne butir-butir embun
sing temetu ono ing pucuke gegodongan
kanggo mbasuh bekas iluh tangise
anakku mesemmu obat kangenku


@sego jenggo embis-embis


Kamis, 21 Juli 2011

SAMBATE ATI

ing mongko sik tak sawang
gung tak jawil....
gung tak ambus....
kowe impen opo angen-angen
ing wektu adoh kowe mesem godho
ing wektu cedak kowe ngilang mlayu
aku dudhug manuk
aku dudhug laron
aku brangkang dudhug mabur
kabeh pengucapku mung mandhek ing lathi
tungkagku linu...
dengkulku nglokrog...
aku kesel

@sego jenggo embis-embis

Rabu, 20 Juli 2011

ARING

ojo direwes, ojo di gagas iki mung crito gedabrus ora penting, anggep ae wong sempel golek perhatian. kejadiane awan mau rek ...pas aku keliling golek gangguan, sekitar jam sijian ngunu, pas bedug nrantang, pas benter-bentere srengenge ngebong mbun-bunan, pas pisan weteng keroso luwe, kaliren, kemrucuk cacinge melung-melung njaluk tulung  aku lewat nang dalan raya batubulan. oaalah apes pisan rek dalane  macet, mergo enek iring-iringan wong gotong mayit, enek ngaben ngunu, tak toleh konco kerjoku sing lungguh nang sampingku, areke mercing setengah mecucu, cucuke modot tambah dowo, lha lak wis suasini koyok ngene iki rek, indikator luwene metu kabeh persis koyok toko mbukak dasar.. drijine umeg golek gelombang radio, delok praupane ketok'e ora nemu tembang sing tepak, lha piye maneh njaluke tembang sing roso sego, mareki ngunu ....awale aku rodok gumun, lapo se wong-wong kui masio kenek panas, kenek macet, kenek luwe pisan kok podho senyam-senyum ae, ketok bungah ngunu...basan tak selidiki, tak sawang-sawang dan tak ploroti tibake rek..ngerti ora? nang barisan macet  ngarep kui enek arek wedok digonceng gendakane, modele ngetapel koyok perangko bek amplop ngunu, ketog katok G-string'e, dadagno rek ketok njlarit merit munjuk mergo kaose munjuk pisan.... aku njajal noleh nang wong lanang sing asik metangkring nang duwure sadel mio'ne iku, wonge senyam senyum kroso ayem, karo alise di obah-obahne nang aku, mungkin karepe konfirmasi lak iso njaluk masa aktip macete di perpanjang ngunu...hag..hag...hag..










@sego jinggo embis-embis

BEDHIDING

mendung isuk ketigo dowo koyo isin, sengrengene metu sak klebetan
hawane jengkut marakne gawe ati ngekes pisan
awak dhi glethakne ati kelom-kelom
jagate peteng....,atis...kegowo jeru ing jerone ati
dhelek-dhelek keroso sansoyo judhek
gagasane mrono-mrene ora karuh karuhan
ora iki...ora iku kabeh peteng
penemuanku atos, penemuanmu atos
atos....atos...kabeh atos
wong loro atos ora ono sing pantes dhi gagas
duuuh gusti kawulo nyuwun dhuko


@sego jenggoembis-embis

KERONTO-RONTO

lagi wae teko, sliramu tego pamit lungo
durung anget dingklik kui...
durung garing lambe iki....
keroso mung sak suene kepyure udan ing kolo panas
kang mung telung jam sliramu duweni wektu
Dik....durung pupus kangenku...
anggonku mandeng mripat sipitmu.....
anggonku mandeng esem manismu....
anggonku mandeng irung mbangirmu...
rosone pengen suwe biso ngrugokne gesah ceritomu...
Dik...cecedekan sliramu kui angen-angenku
kasunyatan roso kangen ono  dodho iki temenan
pamitmu ninggalake gondo melati
gawe sumendale sajroning ati
sliraku...tekomu nambahi tatuku....




   j o yo

·

Minggu, 17 Juli 2011

PUPUSE KATRESNAN

 
 
oleh Joyo Sokromo Nyruput Kopi pada 11 Juni 2011 jam 12:26

keroso bledeke bledos ing ngarep netro
kolo mecetat soko lambe tipismu
ukoro pamali sing dadhi wedhiku
sliramu mrugel katrisnanku
prasasat tan kendhat
rosoku donyo mandek mubeng
rosoku ampyang, jagate peteng ndedet
bakal kroso abot urip iki
anggonku ngadepi dino-dino ing ngareb
mlakuku dadhi mandek-mayung ora manteb
keroso koyo bledug ing mongso ketigo
kemluyeng kabur kanginan
sirahku mumet kegulet ribet lan ruwet
ilang panggonku nyelehne katresnanan
rosoku durung sui, durung garing lambe kui
nembangne lagam asmoro
amung semene cunthele lelakonku
tegone sliramu..dik

12.12 am
j o y o