Kamis, 28 Juli 2011

'GETTING WENGI

jlirit merit bulane metu isin
anyep njejed kegondol angin
roso sepho iki kudu tak tompo
roso ampyang iki ora iso ilang
wengi iki kedadian maneh
wengi sing keroso suwi
suwi...yo suwi nemen
naliko mulai kelingan...
roso ampeg mergo umek'e ati
naliko mulai kelingan....
roso nduweni atimu, tapi dudu rogomu
roso opo iki, abot gandoli ati sumug nyeseki ati
sliraku, aku kesel....
kesel mergo wengiku kebeg gambarmu
kesel mergo wengi-wengiku ora iso turu
sliraku, wengine tas diwiwiti......




djoyo, 02.17 jam pocong
sego jenggo embis-embis

Rabu, 27 Juli 2011

WENGI

wengine isih koyo wingi-wingi
kasur atos, peteng ndedet, adem nyenyet...
kuping iki suwi ora krugu guyumu
kuping iki suwi ora krugu tangismu
wengine soyo keroso suwi
wengine keroso ora bejaji
wengi iki wengi karepmu
soyo wengi, soyo kelingan
kelingan jawilan cilik-cilikmu
sing iso gawe atiku kelangan watese
keroso bunga nglairno ukoro sing ora iso ditowo...
kangen...