Rabu, 27 Juli 2011

WENGI

wengine isih koyo wingi-wingi
kasur atos, peteng ndedet, adem nyenyet...
kuping iki suwi ora krugu guyumu
kuping iki suwi ora krugu tangismu
wengine soyo keroso suwi
wengine keroso ora bejaji
wengi iki wengi karepmu
soyo wengi, soyo kelingan
kelingan jawilan cilik-cilikmu
sing iso gawe atiku kelangan watese
keroso bunga nglairno ukoro sing ora iso ditowo...
kangen...




2 komentar:

  1. bantal dadi sasaran.....ben bengi diwolak walik ping seket

    BalasHapus
  2. mbak'e...saben wengi kakehen di wolak-walik bantale taker brodol kabeh, maringono terus opo sing di walik iki...hi..hi

    BalasHapus